- Narasi utawa crita
Narasi utawa crita yaiku sawijining karangan kang ana gegayutane karo kadadiyan kang ditata adhedhasar urutan wektu. Ing karangan iki prastawane kang nyata lan oleh uga prastawa kang ora nyata (imajinatif). - Deskripsi utawa gambaran
- Deskripsi utawa gambaran yaiku sawijining karangan kang nggambarake prilaku manungsa, ing jaman saiki, swasana sawijining prastawa utawa swasana sawijining panggonan.
Tuladha:
- Korban banjir bandang ing Wasior Papua.
- Swasana ibadhah haji ing Mekah. - Eksposisi
Eksposisi yaiku sawijining karangan kang maparake sawijining gagasan utawa idhe kanthi menehi katrangan kang jelas. Jenis karangan iki biasane digunakake kanggo menehi informasi marang pamaca.
Tuladha:
- Surat lamarn
- Iklan
- Laporan ing layang kabar - Persuasi
Persuasi yaiku sawijining karangan kang menehi bukti-bukti nyata lan tujuane ngajak lan menehi pengaruh marang pamaca supaya melu karo sing dikarepake sing nulis.
Tuladha:
- Khotbah
- Iklan
- Propaganda - Argumentasi
Argumentasi yaiku sawijining karangan kang menehi alesan kanggo nguwatake utawa nolak sawijining pendapat utawa idhe (gagasan). Jenis karangan iki sipate objektif.
Tuladha:
- Skripsi
- Karya Ilmiah
- Thesis
- Desertasi
