Grebeg Muluding Karaton Surakarta jaman Sinuhun Paku Buwana X
Jaman semanten gangsa sekaten winastan gangsa Suka Ati
Grebeg Mulud ing Karaton Surakarta taun Ehe 1948 punika dipun gelar dinten Setu Paing tanggal 3 Januari 2015. Bentenipun kaliyan taun Dal, Sinuhun Paku Buwana XIII sakalyan garwa prameswari boten ngasta adang sekul mawi dangdang Kyai Mrica wonten ing pawon ingkang dipun damel dadakan. Ananging tata adat sanesipun sami mawi jamasan pusaka mariyem Nyai Setomi, pameran sarta karameyan pasar malem.
Kangge mahargya dinten wiyosan Kangjeng Nabi Muhammad ingkang dipun gelar mawi karameyan sekaten punika wonten saenipun manawi nuweni gelaring Grebeg Mulud jaman Sinuhun Paku Buwana X ngasta keprabon nata taun1893-1939. Ngiras pantes kangge nambahi pamawas bab owah gingsir tata cara adat ing Karaton Surakarta.
Prelu kauningan bilih ing jaman semanten, gangsa sekaten kagungan dalem Karaton Surakarta dipun wastani gangsa Suka Ati. Dipun wastani makaten awit tembung sekaten punika asalipun saking tembung suka ati. Wosipun ingkang saged damel bingahing manah salebetipun mahargya dinten riyaya Maulid Nabi.
Rerangkening acara kawiwitan saking pitung dinten saderengipun grebeg. Tanggal kaping 5 Mulud watawis wanci jam kalih siyang, kagungan dalem gangsa Suka Ati enem sepuh kawiyosaken saking bangsal gangsa ing sakilen Bangsal Sasanasewayana dhumateng bangsal pagongan ler kidul ingkang dunung ing plataran sak ngajeng Masjid Ageng Surakarta.
Sasampunipun tumata wanci jam 4 sonten wiwit tinabuh mungel angarangin rinten dalu dumugi jam setunggal dalu ing dinten malem Grebeg. Wanci jam 2 parak enjing gangsa sami kakonduraken ing bangsal gangsa, awit enjingipun badhe kawiyosaken malih kangge ngurmati wiyosipun hajad Dalem Gunungan.
Wondene ing dalu malem Grebeg ing surambi dalem abdai dalem kadhawuhan sami maos Maulud Nabi, lagu Jawi laras slendro sarana nglestarekaken panggubahipun gendhing ingkang katindakaken panjenenganipun para wali sanga, nyarengi kaliyan jumenengipun kraton ing Demak ing taun Jawi Saka 1403 mawi tinengeran sengkalan geni mati siniram ing jalmi.
Gangsa Suka Ati ingkang kawiyosaken sadaya wonten 5 warni kapirid saking rukun Islam gangsal inggih punika maos sahadat, salat gangsal waktu sarta salat Jumungah, siyam ing wulan Ramadhan, jakat pitrah sarta minggah kaji dhumateng nagari Mekah kaliyan sowan jiarah ing papan minulya nagari Madinah.
Warnining gangsa kenong, kempyang, demung, ricikan kalihan bedhug. Gendhing ingkang asli mliginipun namung tiga. Rambu wosipun robbul ngalamin inggih Gusti Allah ingkang mangerani alam sawegung. Rangkung wosipun arrahmanirrokhim Gusti Allah ingkang sipat asih ing donya sarta Maha Asih ing akerat. Sumiring wosipun para kawula sami anggadhahi wajib sumarah pasrah ing ngarsa Gusti Allah dzat tunggal ingkang Maha Kuwasa. Ugi ateges Gusti Allah, Muhammad Rasullalah sarta eyang Kangjeng Nabi Adam.
Saking dayaning gangsa ageng ingkang katabuh rancak sarta tumata laras gendhingipun, mahanani para sedherek ingkang miring lajeng sami nyelaki paran dunungipun swanten ingkang anglangut. Awit kajawi sami remen dhateng ungeling gangsa, ugi sami gadhah kapitadosan bilih karamean ingkang sakawit tilaran agami Buda punika sarana ngluhuraken Kangjeng Nabi sesembahan.
Lampahipun gangsa dumugi plataran mesjid kajawi dipun sesorahi sawatawis piwulang Islam, ugi para sedherek ingkang sami ningali dipun sukani sidhekah boga arta ingkang kacawisaken wujud ambengan. Saderengipun dipun sidhekahaken dipun dongani cara Arab langkung rumiyin. Ingkang suraosipun ndedonga dhateng Gusti Allah SWT, para Malaekat para Nabi, para Rusul mawi dipun amini. Wosipun sami ngakeni dhateng Gusti Allahu SWT para Malaekat sarta para Nabi minangka peranganing piyandel.
Wondene kawontenan Mesjid Ageng karengga lir kaswargan. Mawi dipun langse mubeng mawi sinjang warni sarwa pethak byur sarta dipun palisir kajeng apu. Semanten ugi ing satengahing surambi kaleres papan dunungipun dhampar kencana dipun gubah mawi sinjang sutra sarta sekar maneka warni. Ketingal edi ngresepaken manah ingkang sami ningali.
Ngancik titiwanci Grebeg, para putra sentana sami sowan wonten Sasanasewayana. Pepatih dalem saandhanaipun sowan wonten ing Pagelaran. Bregada prajurit golongan jawi Mijipinilih, Wirautama sarta prajurit golongan lebet Jayengastra, Prawiranom, Jagasura, Jayatanantaka, Jayasura, Jayatatana, Suratatana, Trunasura, Jagabraja tata baris kados adat wonten papan ingkang sampun katemtokaken. Kados ta wonten Kemandhungan kidul, plataran kedhaton, kemandhungan sarta siti hinggil. Dene para tamu pengageng bangsa Welandi sowan ing Sasana Sewayana sangandhap Bangsal Manguntur tangkil.
Sasampunipun sadaya sedya tata, Sinuhun Paku Buwana miyos saking dalem kedhaton ginarebeg para luhur putra santana sepuh. Lajeng lenggah siniwaka ing dhampar kencana. sareng sampun sawatawis wekdal Sinuhun lajeng dhawuhi abdi dalem utusan supados andhawahaken dhawuh timbalan dalem miyosipun hajad dalem gunungan dhumateng Pepatih Dalem.
Pepatih dalem lajeng andhawahaken dhawuh timbalan dalem dhumateng kumendhaning bregada prajurit bab wiyosipun hajad dalem gunungan saking dalem kedhaton dhumateng plataran Mesjid Ageng. Hajad dalem lajeng kawiyosaken urut wiwit Gunungan Kakung, Saradan kakung estri, Gunungan Estri sarta ancak canthaka kairing saliring bregada prajurit.
Sawatawis wekdal sasampunipun hajad dalem dumugi plataran Mesjid Ageng, Sinuhun Paku Buwana X jengkar saking pasewakan Siti Hinggil, miyos ing Surambi Mesjid Ageng lampah darat jinajaran abdi dalem ageng alit sarta ginarebeg para luhur putra santana dalem sadaya. Kawontenan alun-alun tansaya supenuh.
Sarawuh dalem ing surambi, lajeng lenggah ing dhampar kencana paring dhawuh dhumateng Kangjeng Raden Pangulu Tapsiranom. Wiyosing dhawuh timbalan dalem, dikakaken ndongani hajad dalem, memulya eyang dalem Kangjeng Nabi Adam, Kangjeng Nabi Muhammad sarta para luhur sadaya.
Sasampunipun kadonganan Sinuhun Paku Buwana X jengkar saking Surambi Mesjid Ageng, lajeng kondur angedhaton. Lampahipun sami kaliyan natkala miyos. Kairing ungelipun mariyem alit sarta mariyem palayangan ing alun-alun minangka tandha pakurmatan. Sarta ungelipun mariyem ageng kekalih Kyai Syuhbrastha kaliyan Kyai Sagarawana, ingkang ugi winastan Kyai Nangkula-Sadewa. Wondene hajad dalem lajeng kabagi warata dhateng ingkang sami rawuh.
Wontenipun karameyan ing alun-alun salebetipun sekaten lumampah pitung dinten pitung dalu. Ingkang sami ningali boten namung tetiyang saking kuthagara Surakarta kemawon. Uga kalebet saking manca nagari bang wetan, bang kilen sarta saking padhusunan mawerni.
Menggahing tiyang padhusunan ingkang sami gadhah prelu ngalap berkah utawi minangka pangenget-enget diri pribadinipun, lajeng sami nyiapaken bebektanipun piyambak-piyambak. Dados boten namung badhe bingah-bingah ningali tetingalan kemawon.
Wujudipun ngalap berkah utawi pangenget-enget punika makaten, bakda mireng swanten jumleguring mariyem ageng kekalih, tiyang padhusunan lajeng sesarengan sami nandangi padamelan bebektanipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang dondom-dondom sinjang, iket, rasukan, damel kanthong wadhah yatra. Wonten ingkang nampar pecut ingkang kangge ingon raja kaya. Miturut gotheking ngakathah padamelan ingkang dipun garap kala wau minangka sarana ngalap berkah. Angsaripun saged damel awet enom, anggenipun sesadeyan lancar, taneman pantun mrajak lan sanes-sanesipun.
Tata cara adat ingkang kados makaten wonten ingkang taksih nglampahi dumugi samangke. Malah katambahan sami tumbas tigan abrit, sedah ayu sarta dhedhaharan sekul gurih. Punapa malih tumrap tiyang ingkang awis-awis ningali. Temtu badhe merlokaken. Wasana sugeng mahargya dinten Riyaya Maulid Nabi. (Pakde Made)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/