Jam enem esuk, para priya Desa Jurangbahas, Banyumas padha nglumpuk ing sawenehe omah warga saperlu mbeleh wedhus cacah 18. Wedhus-wedhus mau dipilih sing kuwalitase nomer siji kaya dene wedhus sing dienggo kurban nalika riyaya Idul Adha. Priya-priya mau guyup anggone mbeleh wedhus kanggo nyuguh para tamu, dhahar bebarengan nyengkuyung upacara adhat Apitan utawa sedhekah bumi. Para wanita uga nindakake kuwajibane ngolah wedhus sing dibeleh, kagawe gule.
Upacara apitan sing dipengeti saben taun iki tiba ing wulan wulan syawal. Mbeleh wedhus iki minangka tandha atur panuwun lan wujud sukur marang Gusti awit warga masarakat Jurangbahas tansah diparingi kasarasan, mayar anggone golek pangupaboga, gangsar babagan tetanen, kalis saka pageblug, lan sapiturute.
Sedhekah bumi iki katindakake kanthi nggelar pesta rakyat lan menehi sedhekah marang bumi awujud panganan kayata daging wedhus, krawu (kacang dhele, kacang prol, kacang ijo digoreng sangan dicampur klapa parut), tahu/ tempe minangka lawuh, sega golong, uraban lan lalapan. Maneka panganan khas Jurangbahas mau dicemplungake ing saweneh jugangan sing jerone udakara 1.5 meter.
Saben kulawarga wajib nggawa tenongan cacah siji kanggo madhahi maneka panganan-panganan tradhisional mau. Atusan tenong mau banjur digelar ing sadawane dalan, dikepung banjur dipangan bebarengan. Tradhisi sedhekah bumi iki dipracaya wis katindakake wiwit madege Desa Jurangbahas taun 1912.
Ngepasi sasi Syawal, warga Jurangbahas uga nanggap wayang kulit gagrag Banyumasan kanthi njupuk tema pertanian. Wayang kulit mau ditanggap minangka tandha atur panuwun lan nyuwun marang Gusti supaya warga kalis saka pageblug, penyaki, gangsar rejekine, ayem masarakate lan sapiturute.
Desa iki uga kondhang babagan asil gula klapa. Gula klapa sing kagawe dening warga Jurangbahas disetorake ing pengepul gula banjur dikirim ing maneka dhaerah ing Indonesia. Warga Jurangbahas sing gumantung marang pagawean gawe gula klapa udakara cacah 140. Kejaba gula klapa, Desa Jurangbahas uga kondhang babagan industri rumah tangga “gembus” utawa klanting teles sing kagawe saka tela kaspa.
Warga masarakate uga kerep nyengkuyung kegiyatan festival kuliner khas Banyumas ing Kabupaten Banyumas. Kejaba kuliner, Jurangbahas uga kondhang babagan kesenian tradhisional ebeg utawa jaran kepang. Warga Jurangbahas uga isih ngendelake semangat guyup, gotong-royong, lan musawarah. “Saben wulan ngadani kerja bakti reresik ing saben grumbul utawa padhukuhane dhewe-dhewe,” kandhane Supriyono minangka sekretaris desa Jurangbahas. Saben selapan dina sepisan, para prangkat desa lan para tokoh masarakat ngadani rembugan kegiyatan-kegiyatan desa.
Miturut sejarahe, Desa Jurangbahas sadurunge madeg taun 1912 wis kapimpin dening para lurah sing kapilih langsung dening rakyat. Lurah-lurah mau yaiku Ki Kertawijaya, Ki Bangsajiwa, Ki Wiryadirana. Banjur taun 1912 dipimpin dening saperangan lurah kayata Ranadikara (1912-1939), Wiryareja (1940-1945), Ngalireja (1945-1955), Wiryadimeja (1956-1984), Parlan S.P (1984-1994), Garsono HP (1995-1998), Sidan Achmad (1998-2000), Natim kapilih kaping pindho, taun 2007-2013 lan 2013-2019.
Jurangbahas ora bisa uwal saka crita rakyat sing ngrembaka ing masarakat. Adipati Pule Bahas saka Nusakambangan nglamar Dewi Ciptarasa. Nanging piyambake ora gelem dilamar banjur mulih lan nyipeng ing dhaerah sing saiki kondhang dadi Desa Jurangbahas. Desa sing kapimpin dening Lurah Natim iki uga kerep disambangi dening para warga sakiwa tengen sing kepengin jiarah ing Makam Dawa, dawane udakara telung meteran. (NOVI/ DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/