Dhuh Sang Hyang Widhi
Bungahku tanpa upami
Dadi manungsa kang tinitah ing ereng-erenge Merapi
Bumi kang nyata kasuburane tumrap kawula tani
Yen Merapi muntahake lahar
Pancen kabeh kudu sumingkir
Senajan ing galih kang sayekti
Percaya, yen merga dalan kuwi
Bumi Merapi katon sangsaya subur…..
Mengkono saperangan geguritan sing kawaos Widyo Sumpeno, salah sijine pasarta Sedhekah Gunung sing digelar ana ing Punthuk Sanggeman, sacedhake Pos Pengamatan Gunung Merapi Babadan desa Krinjing Kecamatan Dukun Kabupaten Magelang, rikala dina Selasa Kliwon, tanggal 10 Pebruari 2015 kepungkur. Prosesi ritual Sedhekah Gunung iki diayahi dening para seniman sing uga among tani saka Padhepokan Seni “Tjipta Boedaja” Tutup Ngisor, Sanggar Seni “Bangun Budaya”, Desa Sumber, padhepokan seni “Gadhung Mlathi” saka desa Sengi, kang uga sinengkuyung warga masarakat ing tlatah Kecamatan Dukun.
Ayahan ritual diadani kanthi prasaja. Ubarampe ritual awujud kembang mawar, dupa cina lan sesaji liyane kaselehake ana ing papan ritual. Para pasarta kanthi lungguh sila ngadhepake Gunung Merapi, mangetan. Kabeh pasarta ritual padha ngeningake cipta, ngunjukake donga. Sabanjure sawetara pasarta ritual padha ngudhar rasa medhar ukara kanthi maos geguritan.
Warga Sanggar Bangun Budaya, Mastur, kanthi geguritan asesirah “Nasib Merapiku” ngandharake, “Pedhut wayah esuk setya ngemuli. Beninge embun tansah gumayung ana gegodhongan. Sumilir angin ngrasuk ana sajroning sukma. Sawah kanton ijo royo-royo kebak tetanduran. Manuk padha ngoceh ana saselaning wit-witan. Saya nambah endahing sesawangan”.
Untung Pribadi, sing mandhegani Padepokan Sanggar Bangun Budaya, kanthi geguritane mratelakake, “Gedhe dhuwur Gunung Merapi. Papane endah gawe tentreming ati. Kebak bandha lan rejeki. Warga lereng Merapi wajib jaga kang permati.” Sitras Anjilin sing mandhegani ritual Sedhekah Gunung iki ngucapake rapal mungkasi ayahane, ”Badanku lemah Merapi. Balungku watu Merapi. Getihku banyu Merapi. Rupaku cahyaning Merapi. Semangatku lahar Merapi. Jiwaku jiwaning alam”. Rapal iki ngemu makna yen warga ing sakubenge Gunung Merapi urip lan panguripane wis ‘nyawiji’ karo gunung iki. Dene ulah kridha joged sing ditindakake para seniman ing ritual iki mujudake perlambang ngunjukake donga kanthi cara seniman, minangka donga tanpa wicara. Donga mau minangka rasa syukur lan uga atur panyuwunan marang Gusti.
Sitras Anjilin, sing mandhegani Padhepokan Seni “Tjipta Boedaja” dhusun Tutup Ngisor mratelakake, acara ritual Sedhekah Gunung iki ora ateges muja utawa nganggep dewa marang gunung, nanging ngemu karep supaya warga masarakat ing tlatah Merapi bisa lan tansah nresnani alam lan semanak marang alam, sarta ora ngrusak alam. Saengga bisa ngrasakake katentreman sajroning urip ing satengahe alam wewengkon Gunung Merapi. Dheweke uga aweh piweling supaya masarakat bisa melu njaga lestarine alam. “Alam lan sakubenge aja dirusak. Tanpa anane lemah sing subur ing sakubenge Gunung Merapi, kita ora bisa urip kepenak. Masarakat wis nyukuri lan iki minangka kanikmatan sing diparingake Gusti Kang Murbeng Dumadi kanthi lantaran gunung iki,” ature.
Manut andharane Rama V. Kirdjito, sing nate mandhegani umat Katolik ing Paroki Sumber, Kecamatan Dukun sing uga merlokake rawuh ing acara iki, ngandharake mula-bukane acara ritual Sedhekah Gunung iki. Rikala Gunung Merapi krodha tanggal 10 Pebruari 2001, diadani ngunjukake donga bebarengan lintas agama lan lintas budaya ing desa Krinjing kecamatan Dukun kang sinartan tokoh-tokoh agama, tokoh budaya lan masarakat sarta bocah-bocah ing tlatah kecamatan iki. Rikala semana status Gunung Merapi kahanane wis “kritis”, kanthi status tataran bebaya “Siaga” meh ngancik tataran status “Awas Merapi”. Tetela apa sing dikuwatirake mau dadi kanyatan. Esuke udakara jam 05.00 tanggal 11 Februari gunung Merapi njeblug kanthi ngetokake “wedhus gembel” utawa ‘awan panas’. Nalika iku, ‘wedhus gembel’ saka kawah Merapi mau arahe tumuju mengulon menyang tlatah Kecamatan Dukun lan Srumbung, Kabupaten Magelang.
“Nanging dumadakan ana angin gedhe tumiyup saka sisih lor sing bisa ngenggokake arahe ‘awan panas’ mau tumuju mengidul lan dadi udan awu ing tlatah Klaten,” ature Rama V Kirdjito. Awit saka kedadeyan mau masarakat Dukun lan sakubenge percaya, yen kekuwatan donga sing bisa ngowahi lan ngenggokake arahe material vulkanik njebluge Gunung Merapi mau. Lan Gusti Sing Maha Kuwasa tetela wis ngabulake dongane warga masarakat supaya bisa uwal saka bebaya ‘awan panas’ sing akibate nggegirisi. Awit saka prastawa mau, wiwit taun 2003 saben tanggal 10 Februari dipengeti kanthi ngunjukake donga bebarengan. Sadurunge taun 2010 kanthi mirunggan acara iki sinartan para generasi mudha lan bocah-bocah. Dene acara Sedhekah Gunung taun 2015 iki, acara iki diadani kanthi prasaja ing Punthuk Sanggeman. Punthuk sing dhuwure udakara 1340 meter saka lumahe segara lan ora adoh saka kawah Merapi, dumunung ana ing pereng sisih kulon Gunung Merapi sing prenahe ana ing sakidule Pos Pengamatan Gunung Merapi Babadan.*** (Amat Sukandar)
Sumber: www.djakalodang.co.id