Wisata Kreta Gantung
Sesawangan langka sing ora bisa katemokake ing pantai liyane yaiku kreta gantung kanggo golek lopster lan ulam segara dening para nelayan. Awak rasane kaya kebrongot panase srengenge. Jam nuduhake persis jam 12 awan nalika Djaka Lodang tekan ing Pantai Timang sing dumunung ing Dhusun Danggolo, Desa Purwodadi, Tepus, Gunungkidul.
Djaka Lodang mbutuhake wektu watara telung jam saka kutha Yogyakarta tumuju arah Pantai Baron, tekan protelon Mulo tumuju arah Pantai Siung tekan Pasar Dakbong nurut dalan watu tumuju Pantai Timang.
Dalane rada angel kanggo liwat kendharaan rodha papat marga isih watu-watu sanajan saperangan dalan wis di cor semen. Mula DL mung nganggo montor. Kahanan dalan sing kaya mangkono mau ora ngalang-alangi lakune DL arep tumuju Pantai Timang. Mung kudu tansah waspada supaya ora keblender watu marga dalane munggah mudhun lan menggak menggok.
DL njujug ing lambe pantai, dolanan banyu lan njupuk saperangan foto kaendahan Pantai Timang. Wis ngrasakake tutug, DL banjur mlaku nrethek munggah, nrabas tanduran pandhan laut nggoleki papan watu karang gedhe ing siring ndhuwur Pantai Timang. Awan iku lagi diadani shootingsawijine acara ing stasiun tivi swasta, program acara kuliner babagan ngolah ulam laut. Djaka Lodang takon marang sawijine kru tivi mau kepiye carane bisa tekan ing Pantai Timang. Jebule para kru mau dijujugake nganggo kendharaan rodha papat banjur nginep ing kana.
Kreta gantung kapasang ing sandhuwur pereng sing dhuwure udakara 50-60 meter. Kreta gantung iki minangka sarana transportasi para nelayan tumuju pulau karang ing satengah segara. Kreta gantung iki katon mbebayani banget marga kagawe saka kayu lan pring. Kayu lan pring ditaleni nganggo tambang plastik nganti kira-kira kuwat nyangga bobot manungsa.
Cara kerja kreta gantung mau babar blas tanpa ngendelake tenaga mesin. Kreta mau mung migunakake tenaga manungsa kanthi cara ditarik nganti tekan pulau karang. Banyu segara ambyur wola-wali nggebyur saben nelayan sing numpak kreta gantung. Nelayan mau banjur mudhun nalika wis tekan pulau karang. Mudhun tanpa uba rampe pengaman tanpa duwe rasa kuwatir babar blas.
DL mung bisa ndelok saka kadohan, nelayan mau mlaku nrethek watu karang. Nggoleki bolongan-bolongan sangisor karang sing biyasa kanggo ndhelik lopster. Para nelayan mau katon banget kekandelane, perang nglawan banyu segara sing nggegirisi. Nalika banyu segara ngapyuk rada dhuwur, nelayan mau penekan golek papan aman supaya ora melu kasapu banyu. Wola-wali kekapyuk banyu segara nganti awake klebus, ora dadi ngapa. Munggah mudhun watu karang wis pagawean saben dinane.
Para pamaos Djaka Lodang sing kepengin ngrasakake pengalaman numpak kreta gantung tradhisional bisa tindak ing Pantai Timang. Saben uwong kudu ngetokake beaya 200 ewu rupiah utawa 1.500.000 rupiah bisa kangg uwong 10. Jarak luncur kreta iki watara 50-100 meter arah mengulon saka Pantai Timang. Pendhudhuk sakiwa tengen Pantai Timang akeh sing ngendelake pagawean dadi nelayan lopster.
Sapa wae sing kepengin wisata petualangan ing Pantai Timang kudu nyawisake kendharaan sing prima marga kahanan dalane sing ora alus, munggah mudhun. Manawa kangelan nggoleki Pantai Timang, aja wigah wigih takon karo warga. Isih akeh papan wisata pantai ing wilayah Gunungkidul sing uga narik kawigaten antarane, Pantai Indrayanti, Pantai Baron, Pantai Siung, Pantai Krakal, Pantai Kukub lan sapiturute. (Novi/DL).
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/