Merti Dhusun ing Mantran Wetan sukune Gunung Andong
Tumrap masarakat Jawa adicara “Merti Dhusun” duwe makna mirunggan. Sajrone ayahan merti dhusun mau warga dhusun/desa ngadani acara ritual tradhisional “bersih desa”, reresik sesuker utawa ‘rereged’ sing ana ing dhusun mau. Rereged sing katon apadene sing ora katon, supaya kahanan urip lan panguripane warga dhusun mau bisa tetep pinaringan rasa ayem, tentrem, kerta lan raharja. Acara iki asipat sinkretis ing antarane budaya spiritual Jawa yaiku ngurmati arwah leluhur utawa cikal bakal dhusun/desa karo agama mligine agama Islam. Merti dhusun iki wis dadi adat lan tradhisi turun temurun sing wiwit jaman kuna tumekane saiki isih lestari lan diuri-uri. Saengga masarakat Jawa mligine ing padesan, isih nguri-uri lan nindakake acara Merti Dhusun. Sanajan acarane beda-beda merga kalarasake karo adat lan tradhisi masarakat ing desa mau, nanging wose tetep padha yaiku kanggo ngurmati leluhur utawa cikal bakal desa lan ngunjukake donga marang Gusti Sing Akarya Jagad saperlu nyuwun pangayoman, kaslametan, lan amrih rancag anggone padha ngudi rejeki. Kejaba kuwi, merti dhusun uga minangka sarana kanggo luwih ngraketake pasrawungan lan ngundhakake rasa gotong royong ing antarane warga dhusun/desa.
Ing dhusun Mantran Wetan, sawijine dhusun sing dumunung ing sukune Gunung Andong wewengkon desa Girirejo Kecamatan Ngablak Kabupaten Magelang, sing dhuwure udakara 1.300 meter saka lumahing segara, acara Merti Dhusun digelar kanthi ritual kendhuri ‘Tumpeng Sewu’ lan Kirab ‘Tumpeng Jangka’. “Ritual tradhisional Merti Dhusun iki ngemu werdi, minangka panyuwunan marang Gusti Allah SWT supaya warga dhusun iki bisa nggayuh urip lan panguripan sing luwih utama,”pratelane Kepala Dhusun Mantran Wetan, Handoko.
Ritual Merti Dhusun iki saben taun diadani ing dina Rebo Pahingwulan Sapar. Nanging taun iki merti dhusun diadani rikala dina Rebo Pahing tanggal 2 Mulud 1948Eheutawa 24 Desember 2014.Amarga dina kanthi pasaran Rebo Pahing ora tinemu ana ing wulan Sapar taun iki. Sawetara taun kepungkur, nate acara Merti Dhusun iki diadani ana ing dina dudu Rebo Pahing sajrone wulan Sapar. “Nanging ana kedadean aneh, kabeh sega sing dimasak kanggo acara Merti Dhusun padha sayup ora enak dipangan. Kejaba kuwi, akeh warga dhusun sing padha lara, malah nemahi tilar donya,” pratelane Supadi Haryono, tokoh masarakat ing dhusun iki. Saengga, ayahan Merti Dhusun bali maneh diadani ana ing dina Rebo Pahing tumekane saiki. Dene apa sebabe Merti Dhusun ing dhusun iki kudu diadani ing dina Rebo Pahing, Supadi ora bisa ngandharake.
Sajrone ritual kendhuri iki saben kepala somah wajib gawe lan nggawa ingkung jago pitik kampung lan sega tumpeng salawuhe. Ing dhusun iki ana 142 kepala somah sing padha gawe ingkung jago pitik kampung lan nyawisake tumpeng cilik minangka sesaji sing kaarani “Tumpeng Sewu”. Tumpeng iki kaselehake ana ancak kacagak pring singkapajang ing saurute dalan dhusun iki. Dene tumpeng ukuran gedhe udakara sameter dhuwure, sing rinengga maneka asil bumi kaarani ‘Tumpeng Jangka’. ‘Jangka’ utawa ‘panjangka’ kanthi makna minangka donga lan panjangka supaya panguripane masarakat dhusun Mantran Wetan ing taun iki bisa luwih becik, luwih makmur lan tansah linuberan rejeki. Ing dhusun iki acara merti dhusun kanthi ritual Tumpeng Jangka wis kaadani wiwit atusan taun kepungkur, lan kanthi turun temurun diuri-uri tumekane saiki.
Kirab Tumpeng Jangka murwakani acara kendhuri Merti Dhusun. Kirab ngubengi dhusun tumuju menyang plataran daleme kepala dhusun. Kirab kanthi ngusung Tumpeng Jangka iki sinartan sakabehe warga dhusun Mantran Wetan kanthi nggawa ingkung jago pitik kampung lan tumpeng salawuhe.Kendhuri merti dhusun kanthi ritual ‘Tumpeng Jangka’ iki digelar ing plataran daleme kepala dhusun. Ing kene Tumpeng Jangka, sesaji jajan pasar ana ing ancak lan atusan ingkung jago pitik kampung sarta tumpeng digelar. Achmad Thohir sing mandhegani acara iki ngandharake, kendhuri tumpeng Jangka, pepak salawuhe lan ingkung sing digelar iki minangka tasyakuran ‘atur bekti’ kanggo arwahe Nabi Mohammad SAW lan arwah para leluhur sarta cikal bakal dhusun. Cikal bakal utawa leluhur dhusun iki yaiku Kyai Kotik lan Nyai Kotik sing pasareane ora adoh saka daleme kepala dhusun. Ana ing ritual kendhuri merti dhusun iki, Achmad Thohir miwiti kanthi ngobong menyan ing sangarepe tumpeng.
Kanthi tasyakuran iki warga dhusun duwe pangajab supaya uripe bisa ayem tentrem, rejekine gangsar lancar lan urip kebak berkah. Kejaba kuwi, warga dhusun uga nyuwun pangapura awit saka sakabehe kaluputan, lan supaya kalis ing sambekala. Achmad Thohir ngunjukake donga ing acara ritual Tumpeng Jangka iki kanthi donga cara agama Islam sing diamini sakabehe pasarta kendhuri tasyakuran Merti Dhusun.
Rampung acara kendhuri, warga dhusun padha bali kanthi nggawa ingkung, sega tumpeng salawuhe lan didhahar kembul karo keluwargane ing omahe dhewe-dhewe. Gunggunge warga dhusun Mantran Wetan ana 142 kepala somah kanthi cacah warga 560 jiwa. Panguripane warga dhusun iki minangka among tani sayuran kanthi asil kayadene kobis, wortel, tomat, bawang daun lan taneman sayuran liyane. Lan uga ngingu rajakaya mligine sapi kereman.
Ing dhusun iki ana petilasan sing biyen nate kanggo papan semedi leluhur dhusun asesilih babah Shi Ting. Manut critane, piyambake wong keturunan Tionghoa sing laku tapa brata ing dhusun iki, nanging wusanane musna ing papan iki. Dene tuk Curah sing minangka pethite kali Bangkong, manut ature tokoh masarakat ing kene, Supadi Haryono, jaman biyen banyune bisa kanggo nggoreng utawa kanggo bahan bakar lampu kayadene lenga patra. Tumekane saiki sanajan tuk iki debiet-e cilik nanging ora nate asat. Tumrap sing percaya, banyu tuk ini uga duwe khasiat kanggo tetamba kanthi laku mirunggan.
Acara Merti Dhusun ing dhusun Mantran Wetan diregengake kanthi pagelaran maneka warna kesenian, sing digelar dening seniman dhusun iki apadene sumbangan para seniman saka sanjabane desa. Sadurunge pagelaran kesenian-kesenian mau dipurwakani pagelaran kesenian sakral yaiku “Jaran Kepang Papat” ing plataran daleme kepala dhusun. Manut ature pak Sunoto, 73 taun, pewaris lan sesepuh kesenian Jaran Kepang Papat, kesenian jaran kepang warisane ramane, mbah Atmo Paridjan, umure kesenian Jaran Kepang Papat iki wis luwih satus taun utawa patang turunan/generasi. Ing saben acara Merti Dhusun kesenian Jaran Kepang Papat wajib dipentasake sadurunge pagelaran kesenian liyane. Kesenian jaran kepang kanthi paraga mung wong papat iki isih asipat mistis lan legendaris. Saben pementasan kudu kacawisake sesaji pepak kayadene jajan pasar, kembang mawar, rokok, gedhang, omben-omben teh lan kopi. Saengga ing pagelaran mau wong sing njoged jathilan bisa cepet ‘kesurupan’.***(Amat Sukandar)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/