Telaga Warna, Kawah Sikidang, Candi Dieng, lan Dieng Plateau mujudake papan wisata kang wus kondhang saka tlatah Dieng, Jawa Tengah. Durung suwe iki uga ana Gumuk Sikunir kang wiwit kaloka. Wisata ing Jawa Tengah wiwit dieksplorasi, kalebu wisata Gunung Prau. Minat wisatawan kang seneng munggah gunung sansaya akeh, ndadekake wisatawansing teka ana ing Gunung Prau iki uga akeh.
Gunung Prau dumunung ana ing tanah wates pirang-pirang kabupaten, yakuwi Kabupaten Wonosobo, Kabupaten Banjarnegara, Kabupaten Kendal, lan Kabupaten Batang. Mula akeh jalur kanggo ngunggahi Gunung Prau iki. Pendhakian liwat Wonosobo bisa diliwatisaka basecamp Patak Banteng.Basecamp iki udakara sakjam saka kutha Wonosobo. Kejaba saka basecamp Patak Banteng, Gunung Prau uga bisa diliwati saka jalur Dieng. Basecampe isih rada munggah watara 3 km saka basecamp Patak Banteng.
Jalur pendhakian Gunung Prau saka Patak Banteng ora patia suwe. Udakara 2,5 jam tekan puncak. Sanajan mangkono, dalane rada ndedel, nanging aja kuwatir, ing kana ana tali kanggo mbiyantu para wisatawan ngliwati dalan mau. Ananing para wisatawan kudu ngati-ati lan prayogane nganggo sendhal utawa sepatu sing standar kanggo munggah gunung. Pos tumuju puncak ana 3 yakuwi Pos I Sikut Dewa, Pos II Cacingan, dene Pos III yakuwi Camp Area. Sadurunge tekan pos I kita kudu ngliwati dalan watu sing dawa lan dedel. Kanggo para wisatawan sing ora gelem mlaku ngliwati dalan iki ana ojek sing bisa disewa kanthi bea Rp 10.000,00.
Gunung Prau menawa diliwati saka jalur Dieng tekan puncak bisa ngentekake wektu 4 jam. Sanajan mangkono sesawangan kang disuguhake luwih nengsemake. Kanggo para pendhaki pemula utawa wisatawan sing fisike kurang kuwat, luwih becik liwat dalan kene iki, amarga dalane luwih kepenak diliwati, ora ndhedhel lan ora ngentekake tenaga sing akeh.
Kanggo munggah Gunung Prau, kita kudu ndaftar ana ing basecamp kanthi ninggal KTP, lan mudhun kanthi kudu nggawa sampah. Retribusi kanggo mlebu Prau udakara Rp 6.000, 00. Ing dhuwur kita uga ora oleh ngurupake geni utawa ngethok wit kanggo gawe api unggun. Bab kuwi mujudake langkah nyata saka pengelola, pamerintah, lan perhutani kanggo njaga kalestariane Gunung Prau. Mula ana petugas sing sawayah-wayah muter kanggo ngawasi para wisatawan kareben manut marang tata tertib sing wus ana.
Jalur Gunung Prau kalebu jalur sing cendhak nanging sesawangane ora bisa disepelekake lan bisa narik kawigaten para wisatawan. Ing gunung sing dhuwure 2.565 mdpl iki menawa cerah kita bisa delok gunung-gunung gedhe sakupenge kayata Gunung Sindoro, Sumbing, Merapi, Merbabu, lan Ungaran.Sing kondhang saka Gunung Prau yakuwi anane gumuk-gumuk cilik ing puncake. Mula ana sing njenengi Gunung Seribu Bukit utawa Bukit Teletubbies. Saka ndhuwur awake dhewe uga bisa weruh Telaga Warna Dieng. Ing kene kita bisa weruh mletheke srengenge sing nengsemake saka mburi gunung-gunung gedhe mau. Alas ing gunung iki uga isih asri lan kajaga. Ing puncak ana maneka kembang kayata Daisy utawa kembang Ceplikan, ana uga kembang Edelweis, Chrysant, lan sabana sing amba.
Para pendhaki pemula iki bisa njajal Gunung Prau kanggo referensi gunung. Nanging tetep kudu nyiapake fisik, mental lan logistik, amarga munggah gunung dudu hal kang sepele. Kabeh kudu disiyapke kanthi temenan. Dhewe ora ngerti apa kang bakal kelakon, mula kudu siyap siyaga. Sawise mudun saka Gunung Prau para wisatawan uga bisa ngrasakake segere carica woh asli saka Dieng lan mung ana ing Dieng. Carica iki bisa dituku ana ing sakiwa tengene basecamp Gunung Prau. Kejaba carica warung-warung iku uga nyedhiyani stiker, emblem lan sapanunggalane kanggo oleh-oleh. Kejaba kuwi ing sakiwa tengene basecamp uga ana warung sing nyedhiyani piranti kanggo munggah gunung, kaya tendha, Sleeping bag (SB), lan liyan-liyane.
Wisatawan uga kudu njaga Gunung Prau kareben tetep resik lan lestari. Eling marang semboyan “Aja njupuk apa wae kajaba foto, Aja ninggal apa wae kajaba tapak, aja mateni apa wae kajaba wektu”. Gunung iki bisa didhaki ing sasi April sesuk amarga awal Januari ditutup kanggo mulihake kahanan Gunung Prau, uga amarga isih musim udan. (Dewi/DL)
Sumber: http://www.djakalodang.co.id/